Assalamu’alaikum
Wr.Wb.
Ingkang
kinurmatan kepala SMP N1 Ajibarang, Bapak Hartana ingkang satuhu kinekbetan,
lan kanca-kanca kang dak tersnani.
Sapisan
mangga kita sareng – sareng panjataken pudya pudyi marang dhumateng Gusti Allah
SWT ingkang sampun maringi katahing barokah marang kita sedaya, saengga kita
saged makempal teng mriki. Shalawat ugi salam kaunjuk dhumateng Baginda agung
Nabi Muhammad Saw, ingkang saged maringi tuladha kang becik marang umat islam.
Para rawuh
ingkang kinurmatan,
Penyakit
Demam Berdarah Dengue utawa DBD punika penyakit saka cokotan lemud, lemud kang
dimaksud sanes lemud biasa, lemud iku lemud Aides Aigepty kang dadi sebab DBD. Ing
negeri Indonesia, kasus Demam Berdarah Dengue sampun katah nilaraken manungsa.
Demam Berdarah ugi saged dipun cegah. Cara ingkang saged kita tindakaken inggih
punika, nguras bak tandhon toya, nutup sedaya barang ingkang saged kaisi toya,
lan ngubur sedaya barang ingkang saged kangge ngendhog nyamuk.
Menawi
kulawarga kita wonten ingkang nandhang demam berdarah, ingkang gejalanipun
kawiwitan panas ingkang inggil terus-terusan kasusul timbulipun bintik abrit
kulit ingkang langkung sae enggal dipun bekta dhateng dokter utawi rumah sakit.
Sebab menawi telat saged nggondol nyawa.
Para rawuh
sedaya,
Mangga
kita sareng-sareng nyegah penyakit DBD niki kaliyan cara 3M (Menguras, Menutup,
Mengubur) supados lemud ora bakal bisa pada ngendhog dadi lemud kang gawe
bahaya.
Cekap
semanten sesulih kula, mbok bilih wonten klenta klentunipun kula nyuwun
agunging samudra pangaksami. Nuwun
Wassalamualaikum
Wr. Wb
mantap...
BalasHapusawokawokawok
BalasHapusWididawwww alumni spensaa?
BalasHapus